
Sebagai media ekspresi, sebuah puisi dapat dikatakan sebagai Bahasa Rasa dimana penyair membahasakan rasanya atas apa yang ia lihat, dengar dan rasakan. Bicara soal bahasa, ‘Bahasa Ibu’ adalah bahasa yang paling akrab dengan diri kita. Dan upaya untuk mengangkat serta melestarikan Bahasa Ibu (bahasa daerah) dalam khasanah sastra Indonesia ini, adalah upaya yang layak untuk kita acungi jempol. Sahabat-sahabat Sastra Tegal, sudah memulainya. Tegal keminclong, moncer sastrane. Yaheerr….! Selamat menikmati Puisi Tegalan berikut ini.
[iklan]
Gusti, Gusti Nang Ngendi?
Dening: Didi Kaha
“Gusti, Gusti nang ngendi?”
kita njerit karo Gusti Pengeran nyekseni
ewunan nyawa sing pada nglambruk
lan jutaan liyane kekurung
dening rasa wedi
“Umahe Gusti ya kekunci!”
kita terus ngrutuk
“Apa Gusti wis dugal kari menungsa?
Apa wis wayahe Gusti ndadik-awukna menungsa?”
senggane kita ngerti Gusti Pengeran
ora pernah mendi-mendi
senggane kita ngakoni wedine kita
mung karena kita ora pengin
kenang siksane Pangeran
dong kita ujug-ujug kudu
dungdang balik karo Pengeran saiki
senggane kita ngakoni wedine kita
mung karena kita ora pengin
Gusti Pengeran murka
dening mblangsake kita
Ya
Gusti Pengeran ora pernah
mendi-mendi
Pengeran nggal waktu ana karo kita
termasuk wayah saiki
wayahe bencana
Gusti Pengeran mesih karo kita
tapi justru kitane dewek
sing senenge mbuh karo Pengeran
kita asyik karo urusane kita dewek
wayahe Pengeran pengin nyapa kita
nang urusane dunyane kita
kita mbegis Pengeran nang njerone ati kita
“Gusti urusane kita mung nang umahe Gusti bae!”
kita klalen
umahe kita ya
umahe Pengeran juga
nang ngendi bae kita ngadeg
nang kana Pengeran sing berkuwasa
bencana
mung saslentikane kukune Pengeran
kapan Pengeran mojar mulai lan pragat
pasti mulai lan pragat
bencana
mung cara liya Pengeran pengin
nyapa kita
sing sering mbuh
sing senenge cuek karo Pengeran
***
2 Mei 2020
Wong Mati Ora Wurung
dening: Yon Daryono
Kota dipepet beton
lampu dipateni
sekolah pada prei
warung pada tutup
pasar dioprak-oprak
wong ora olih pada metu
kiye jaman, jaman lokdon
kabeh-kabeh ora olih
sing kluyuran didenda
sing dibui ditokna merga korona
kaya kasur bendina pepe
kaya pari wong disemproti
dudu kewan sing dikandang
tapi wong sing dikurung
korona cilik mentil
ora kasat mata
ujug-ujug brubah dadi Batara Kala
mlompat sing beton
nekek karo nendangi
tapi wong malah ngango masker
Ana tembang ngrumat jagat
ana donga nyundul langit
dokter ngadohi penyakit
wong mati ora wurung
***
Tegal, April 2020
Ketap-Ketip
Dening: Apito Lahire
Gerobag-gerobag suwung singit
lampu-lampu disirep
mrekitik
njepit
Urip blangsatan
nekat maculi dalan
Duh Gusti
kahanan napa kiye Gusti
sentir geni
godong mlepes
ati mplepes
anyes
Mripat kula lara
kabotan cilaka
umah kebrangas
laka sunya
Sampe pucuk nglentruk
paringi kula sabar sesabar tambar
ngadepi sepet–semepet zaman
edan
Paringana kula sejatine nur
paringana kula tafakur
sanjerone umur
ben kuat nandur
Duh Gusti
ketap-ketip niki
mrembes mresep ning sungsum ati
mugi-mugi kula sabrayah ikhlas njalani
corona sirna
njenengan ngijabahi
Amiinn.
***
2020
Ndoro Beton
dening: Lanang Setiawan
Patang puluh sanga titik
dalan kota dipepet beton MCB
mesih kurang marem
Tontonen!
Man sapa sing duwe ide
mepet dalam mateni lampu
mantuk-mantuk ngiyani ndoro beton
rongokena rintihan suarane rakyat sing kepletet
:uripmu bakal dipepet lan disipet.
***
25.04.2020